Minggu, 23 Juli 2017

CONTOH NASKAH DRAMA BAHASA JAWA LUCU DAN MENARIK



Misteri Jedhing ing Ngarep Kaprog APK

Ingsalah siji dina, ing sekolahkangnduwejeneng SMKN 1 Pogalan. Sekolahsing siji-sijineanaingPogalan kasebut.  Dienekne acara kemah nginep sewengi ana sekolah kui. Ana 5 bocah sing diarani bolo kanthil, mara-mara pengin mlaku-mlaku ngubengi sekolah ing wayah jam istirahat. 5 bocah wadon iku jenenge Sari, Yani, Rahma, Dina lan Wati. Si Wati pas ngliwati dalanan Gedung D Jurusan TKJ, wulu kudhuke ngadhek kabeh, rumangsane ana sing ngetut ing mburi ne. Nah, jelalah kui si Dina ilang, embuh parane nandi.
“Loh, iki piye? Dina nandi? Kok mara-mara ilang?” Yani wes mulai wedi, ana kedadeyan sing aneh iku.
“Alah, paling ya ning jedhing.” Rachma nyaut santai banget.
“Karo sapa? Masak ya dewe. Kowe lo Sar sing mau ning sandhinge Dina, kok ya ora krasa.” Wati sing wes nduwe firasat ora apik kaet mau, nyalahne Sari sing ora weruh apa-apa.
“Nyapa, kok aku? Aku mau pas ngguwak resek jajan ning sampah kae. Aku ora eruh sliwere Dina, parane nandi.” Sari mbela diri
“Woiiii cah.....” Dina mlayu kesusu kaya-kaya ana sing nguber-nguber.
“Lah, Dina. Kowe mau menyang ngendhi Din?” Wati usaha ngalehne fokus e Dina karo kedadeyan aneh sing tas dialami Dina.
“Sek to, Din. Nyapa kowe, kok mlayu-mlayu kaya-kaya ana sing nguber?” Rachma penasaran karo kedadeyane Dina, usahane Wati mau jelas sia-sia.
“Kui lo, Ma. Awakdhewe kon ngumpul ing lapangan. Saiki wes wayae acara puncak e.” Dina njelasne karo ngatur nafas sing ke engel-engel.
“Oalah, Din Din.. Tak kiro lak kowe digondhol ndemit. Batinku bocah cilik, kok yo demite doyan ngono.” Sari mecahne suasana angker kui mau maleh dadi suasana sing adhem. Sari guyu kekel kekel.
“Husst. Ojo omong ngono kowe Sar! Ngko lak tenanan piye?” Yani niat ngedhen-ngedheni Sari.
“Alah.. alah. Ayo to! Selak diseneni gurune engko!” Dina sing wes kesel njgrungokne guyonane kancane kui, langsung ngajak kancane ngumpul melu liane ing lapangan sekolah.
            5 bocah wadon kuwi mau, langsung mara gabung karo kanca-kanca liane ing lapangan sekolah.
            Jam 23.25 wengi pas wayah turu, Dina gugah-gugah Sari. Liyan-liyane wes pada turu nggleser.
“Sar, sar. Kancanono aku ing jedhing ya?” Dina nggugah Sari sing turu mau.

(Karo molet) “Nyapa lo, Din? Yah mene kok ngejak ingjedhing. Arep setor apa?” Sari sing kriyip-kriyip mripate mulai tangi terus lungguh.
“Oalah, Sar. Apa ya kudu tak jelasne? Terno dilut ae lo, paleng ya mung 10 menit, ngko bar kuwi turua eneh.” Dina nggeret lengen e Sari. Sari akhire ngadek lan mlaku ngeterne Dina.
“Loh, Din. Kowe ki arep ning jedhing ngendi?” Sari kaget eruh lakune Dina.
“Jedhing ing ngarep kelas APK kae lo, Sar.” Dina nyauri omongane Sari karo panggah mlaku ora mengo.
“Kowe apa ora weruh lak dalane di palang?” Sari nduding palangan dalan sing disusun saka kursi-kursi dawa.
“Dilut ae lo, Sar. Aku ora iso lak ora ing jedhing kono. Wes to, ora-ora lak enek dhemit.” Dina panggah mlaku, lan nglewati palangan sing ana ing dalan.
“Iya wes karepmu, tapi aku ngenteni lungguh ing kene wae.” Sari lungguh ing kursi palangan kuwi mau.
“Iya wes, entenono.” Dina mlebu ing jedhing.
            Sakwise metu, dina mbenakne kudhung ing kaca jendela Kaprog APK. Rumangsane ana bocah wadon ing mburine.
“Sar, kowe nyapo ing kono. Genah mau kowe omong lak wedi. Wes gek ayo mbalek!” Dina madhep mburi, sir e omong karo Sari.
“Lah, Sar. Kowe kok lungguh kono, rumangsaku mau kowe ing mburiku.” Dina kaget nyawang Sari sing lungguh ing kursi palangan.
“Sapa lo, Din? Aku kaet mau ing kene.” Sari kaget.
“Oalah uduk kowe brati. Lah, lah. Kae sapa sing yahmene ana ing Kaprog?” Dina nyawangi njero Kaprog, sing rumangsane ana uwong ngadhek lan sendakep.
“Sapa eneh lo, Din?” Sari nyaut omongane Dina
“Kae lo uwonge ngadek sendakep.” Dina nduding uwong kui mau.
“Pocong paling, ayo Din balek.” Sari omong karo mlayu lan ninggalne Dina sing panggah ing ngarep Kaprog.
“Tekan ndi kowe, Sar?” Wati lan Yani nakoni Sari bareng-bareng.
“Ngeterne Dina ing jedhing APK kono.” Sari nyauri karo ngilangi keringet sing ana ing bathuk e.
“Lha saiki endi, Dina?” Yani thingak-thinguk nggoleki Dina ing mburine Sari. Wati wes melesat ilang golek i Dina.
            Tekan ngarep kelas APK.
“Din, kowe nyapo ing kono?” Wati nakok i Dina.
“Sek dilut. Aku mbenakne tali ne iki lo, ora iso nyantol ing awak e.” Dina metu tekan Kaprog ngomongi Wati, terus mlebu eneh.
(Ing atine Wati) “Lah, mosok pocong tenan. Mau Sari omong lak enek pocong ing kene. Brati tali ne, mbenak ne tali pocong ae ngko. Beh.. Tak nyeluk Sari karo Yani e, jal tak sms e.” Ngetok ne HP ne gawe Sms.
“Nyapo, Ti.” Yani mlayu marani Wati
“Piye? Nang ndi, Dina?” Sari genti takok.
“Kae lo karo Pocong ing njero, aku rung sempet nyawang, tapi sajak e kok iya Pocong.” Wati nduding Kaprog
“Lah, piye kok jarne. Genah kowe biasane wani karo dhemit. Tapi, Dina kok wani yonan, dengaren..” Yani kaget campur bingung
“Wes, ayo marani Dina. Wani to kowe?” Wati nawani Sari karo Yani.
“Ayo, kepekso iki..” Sari nyauri
“Sek, to.Akusekwedi, jaleayongomongnang guru apapanitianengunu, menowoenek sing gelemngewangi.
“Lahyokesuen lo, Yan.Lak Dina matingunu, apakowegelemtanggungjawab?”
“Lhapiyeeneh to? Eh, njajalayongubengiseekolahansek. Menowoaeenekkakakkelas sing urungturu, awakdhewerame-rameyojelasdiseneni lo, Ti.”
“Ayo, lakno.”
            Wati, Yani, lan Sari ngubengisekolahan, mindhik-mindhik kaya wongarepnyolongbarang. Ngubengigedungsaksekolahan, karomripatebelalak-belalakwedilakkesandhungamargaoragawasenter.
Nang ngarepSanggarseni, krungusuaranegon sing muni-muni dhewe, ingkelas AK munggahmenyangkelas MM, suarranegrobyak-grobyak kaya-kaya anakucingsingngurek-ngurek tong sampah. Pas ngubengisekolahan sing maleh kaya acaraujinyaliiku, bocah 3 mauorakecethukankakakkelaspanitiautawa guru sing sekurungturu.
Sak wise mubengsekolahan, bocah 3 maumbalekmanehingngarepkelas APK.
“Piyesidopora?”WatinakoniYanilan Sari
“Lhapiye to, akumanut.”Yaninyauri
“Lakmanut, nyapokokorakaetmaumarani Dina.Ngeneikilak Dina nyapo-nyapo, sing diseneniyoawakdhwe lo Yan.” Watimulaigregetan.
“Lah, dadakeyel-eyel an. Piyeikiterus an?” Sari nakoniWatilanYani.
“Jajalaeyo.” Watinyauri.
            Wati, Yani, Sari marani Dina ing kaprog. Karo setengah wedi setengah wani, tapi akeh wedine. Bocah 3 mau niat ngaget Dina ben fokus lan sadar maneh. Menurute cah 3 kuwi mau, Dina setengah ora sadar.
“Din...!!!!!” Bocah 3 kuwi nyeluk Dina barengan.
“Din, nyapokoweningkunu?”Yaniomongkaroclingak-clingukwediarepmlebu.
“Sssttt, jajalmenengosek.Ojomalahbengok-bengokmbrebeki, pocongingmburi mu apakoweoraweruh?” Sari muni
“Lah, ndi lo?”WatimlayunyedekingsandhingeYani.
“Ya alloh ngageti! Kowe, cah 3 kok ora nduwe sopan.” Dina metu nemoni cah 3 sing clingak-clinguk.
“Arep sopan karo sapa?” Rahma mara-mara teko lan ing mburine bocah 3 kuwi mau.
“Ngapunten bu, niki kanca-kanca kula sampun ganggu jenengan.” Dina ngadep gurune.
“Lah, Din. Kuwi ki bu Setya to tibak e?” Sari mlongo
“Iya, kok kira sapa?” Dina nyauri
“Ngapunten nggeh bu, kulo kaleh kanca-kanca pun mboten sopan. Kula kinten nika wau dhemit bu, ngapunten ingkang kathah bu..” Sari, Yani, Wati lan Rahma njaluk ngapura menyang gurune.
“Oalah, iya nduk, ora papa. Iki mau lampune yo mati, Dina untunge pas nyawang aku ing njero Kaprog. Aku mau niat arep sholat nduk, tapi taline rukuh nduwur pedhat, Dina tak kon mbenakne.” Bu Setya jelasne.
“Nggeh bu, ngapunten nggeh bu.” Rahma njawab
“Nggeh sampun, bu. Kula lan kanca-kanca badhe mbalik teng kelas bu, nerusaken tilem. Mangga bu..” Dina lan kanca-kancane pamit.
“Iya nduk, suwun yo, ati-ati.” Bu setya guyu.
“Nggeh bu..” Bocah 5 nyauri.
            Bocah 5 kuwi mau, akhire mbalik ing kelas panggone turu lan nerusne maneh perjalanan mimpi ne dhewe-dhewe.
                                   

Tidak ada komentar:

Posting Komentar