Minggu, 23 Juli 2017

CERITA WAYANG LENGKAP RAMAYANA



Tugas Individu
Menulis Kisah Perwayangan
“RAMAYANA”
Oleh :
Ratih Rachma Kurnia (25)









SMK Negeri 1 Pogalan
Tahun Ajaran 2014/2015

Ramayana
Sawijining dina ing kerajaan Mantili ingkang kerajaan ramanipun Dewi Shinta, asmane Prabu Janaka. Prabu Janaka ngadakake sayembara sopo sing bisa manah paling apik bakal didadekake mantu. Salah sijine paserta sayembara yaiku Prabu Rama lan Rahwana nanging Rahwana ora bisa ngangkat panah kasebut, lan Rama bisa ngangkat panah kasebut. Sahingga Rama bisa menangkake sayembara lan ngentukake Dewi Shinta dadi bojone. Rahwana ora seneng yen Rama iso dadi bojone Dewi Shinta. Ing Ngalengka kui kerajaane Rahwana, Kumbakarno, Indrajid lan Patih Prahasto. Sarpanaka menehi kabar ing Rahwana yen ana wong wadon ayu. Rahwana ndang nggoleki wong wadon mau jenenge Putri Kalamarica sing bisa ngganti wujud opo wae, lan bisa nggrubah wujud dadi buta cakil.
Ing alas Dankara Prabu Rama, Dewi Shinta lan Laksmana iseh ngembara, ngerteni kui Rahwana lan Putri Kalamarica melu neng alas lan ngincer Dewi Shinta. Putri Kalamarica nggrubah dadi kijang mas kanggo nggodani Dewi Shinta. Dewi Shinta ndeloki kijang mas kasebut langsung ngongkon Prabu Rama kanggo nyekel kijang mas kasebut. Nanging kijang mas kasebut malah mlayu neng njero alas, lan Dewi Shinta njalok Prabu Rama kanggo nangkep kijang mau lan Laksmana tetep karo Dewi Shinta. Nanging Dewi Shinta nesu amarga Laksmana ora melu nangkep kijang mas karo Prabu Rama ing njero alas. Wedi karo keslametane Dewi Shinta, Lakmana nggawe bunderan kanggo Dewi Shinta supaya tetep selamet .
Sakwise Rahmana teko, Rahwana njajal nyedaki Dewi Shinta lan njajal karo nembus bunderan mau. Akhire Rahwana nggrubah wujud dadi brahmana tuwo supaya bisa narik perhatianne Dewi Shinta lan jaluk sedekah.
Amerga rasa mesakne akhire Dewi Shinta menehi sedekah brahmana tuwo mau, nalika Dewi Shinta lagi menehi sedekah deweke ditarik metu saka bunderan mau lan digawa mabur karo Rahwana.
Sakmenika , Rama lan Laksmana tetep nangkep kijang mas lan nalika kijang mas kasebut di panah wujude ganti dadi cakil. Nalika Dewi Shinta digawa mabur karo Rahwana teko Manuk Jatayu sing nolong Dewi Shinta lan kedadean perang antara Manuk Jatayu lan Rahwana. Nganti akhire Manuk Jatayu kalah lan kelangan loro sayape lan Rahwana lunga nggawa Dewi Shinta.
Sakwijineng dina Prabu Rama lan Laksmana metu lan ketemu karo Manuk Jatayu sing wes kejet kejet. Manuk Jatayu nyritakake kedadean mau ning Prabu Rama, Manuk Jatayu akhire mati.
Prabu Rama lan Laksmana semedi kanggo ngintukake cara nylametkake Dewi Shinta. Banjur Prabu Rama ketemu Anoman lan di ajak neng gowane Anoman. Ing gowane Anoman ndue kanca antarane yaiku Subali lan Sugriwa, wong loro kui podo podo sakti lan podo podo nyenengi Dewi Widyawati, pas cah loro tukaran amerga ngrebutake Dewi Widyawati, Anoman ora bisa nglerai cah loro, akhire Anoman ngongkon Prabu Rama kanggo manah salah sijine wong loro mau lan Subali kena panah kasebut, Sugriwa arep melu Prabu Rama nulingi Dewi Shinta.
Anoman nglekasi nylametake Dewi Shinta. Anoman njalok rambute Prabu Rama kanggo bukti yen wonge bener-bener utusane Prabu Rama seng arep nyelamatkake Dewi Shinta.
Ing taman Argasaka, ing kerajaan Ngalenka, Dewi Shinta dikancani karo Trijata. Nalika Rahwana njajal mbujuk Dewi Shinta supaya arep dipek bojo. Nanging Dewi Shinta ora gelem.
Nalika Dewi Shinta dewe, Anoman mlebu ing taman Argasaka kanggo nemoni Dewi Shinta lan menehkake rambute Prabu Rama gawe bukti yen Anoman iku utusane Prabu Rama. Nanging Indrajid (anake Rahwana) ngerti tekane Anoman, indrajid ngusahakake nangkep Anoman lan diwenehake Rahwana. Akhire Rahwana ngutuskake kanggo mbakar Anoman.
Wektu iku Pumbokarna (saudarane Rahwana) nglindungi Anoman sing arep dibakar Rahwana. Nanging niate iku ora berhasil amerga di alangi karo Kumbakarna.
Nalika pasukane Rahwana mbakar anoman, jebule Anoman ora mempan dibakar nganggo geni. Malah Anoman ngrebut obor geni saka tangane Rahwana karo buntute. Lan geni kui di gae mbakar Kerajaan Ngalengka. Pasukane Prabu Rama mbendung kali seng cedak Kerajaan Ngalengka, sahingga pasukane Rahwana ora bisa opo-opo.
Perang antara Prabu Rama lan Rahwana kedadean. Kumbakarno lan Indrajid mati amerga ngewangi Rahwana ngalahke Prabu Rama. Rahwana mati dipanah Prabu Rama lan dicepitake neng gunung.
Sakwise menang ngalahake Rahwana, Prabu Rama ketemu karo Dewi Shinta. Nanging Prabu Rama curiga karo kesuciane Dewi Shinta. Akhire Dewi Shinta mbakar awake kanggo mbuktikake kesuciane, nanging Dewi Shinta ora bisa di bakar karo geni, iki mbuktikake yen Dewi Shinta iseh suci. Akhire Prabu Rama nrima Dewi Shinta meneh. Prabu Rama lan Dewi Shinta akhire urip tentrem.

1 komentar:

  1. Casinos Near Me - Jackson, MS - JTM Hub
    You can งานออนไลน์ find these places near Jackson, MS. 포천 출장샵 J.M. Casinos Near Me: Casinos Near Me. Casinos Near Me: Casinos Near 상주 출장안마 Me. 안산 출장샵 J.M. 시흥 출장안마 Casinos Near Me: Casinos Near Me

    BalasHapus