DUDUK SEKEDAR NILAI
Dino iki dino pertama mlebu sekolah sakwise libur
semester. Ratih karo Siska mlebu kelas XII APK 2 karo masang wajah seng cemberut.
Siska : “ Rasane aku ogah sekolah eneh ” (langsung
lingguh neng
bangkune)
Ratih ;
” Podo Sis.. . rasane ndak puas karo liburan tahun iki ” (nguncalne
tas neng meja)
Koncone Siska lan Ratih jenenge Gema teko nyedeki
wong loro kui mau.
Gema : ” Hei.. Libur tahun iki rasane sui. Cukup
banget gawe aku. Sampek
kangen aku karo kelas iki pengen ndang sinau
eneh ” (langsung
ngaleh karo mesem)
Ratih : “ Bocah ke kok sok sregep saiki ”
(lingguh neng bangkune)
Siska : “ Iyo ket kapan cah kae maleh ngono
yo? ” (mesem)
Ratih : “ Ndak ngerti, kelebon demet ke ”
(nguyu kekel)
Siska : “ Hahaha.. . iyo paling ”
Bel tandane mlebu kelas wis muni, murid-murid mlebu
kelase dewe dewe.
Bu Lis :” Sugeng enjing.. . ”
Murid :
“ Enjing bu.. .”
Bu Lis : “ Mergo iki dino pertama mlebu sekolah
dadi Bu Lis mek pengen
kabeh nyeritakne apa sing kok alami sak dawane
liburan ”
Sakwise kabeh
bocah nyritakne penglamane dewe dewe. Ratih karo Siska ora nyeritakne
pengalamane.
Bu Lis : “ Siska,Ratih nyapo ndak nyeritakake
pengalaman liburanmu? ”
(nesu)
Ratih :
“ Males bu.. . pripon niki bu? ” (nggawe nada males)
Siska :
“ Enggeh bu kulo sanes bocah SD bu” (ngguyu)
Bu Lis : “ Bocah loro iki bocah seng nakal
lek awakmu ndak ngrubah sikap
ojo salahne guru-guru lek nilai mu kabeh
kurang saka KKM ”
Kabeh bocah meneng sediluk terus bel istirahat muni.
Bu Lis : “ Cukup semene ae pelajaran dino
iki. Sugeng enjing ”
Murid :
“ Enjing bu.. .”
Guru metu saka kelas lan murid murid uga metu kelas
gawe golek sarapan, kejaba Ratih karo Siska sing panggah lingguh neng njero
kelas.
Ratih :
“ Hahaha... Bu Lis ke maeng ngancem awakke
Sis, awakmu
krungu ta apa sing di omongne mau? “ ( ngomong
karo sombong)
Siska :
“ Iyo padahal kui yo ra pener, rumangsane awakke sek anyar ye
neng kene ” (mesem sinis)
Gema moro moro teko lan marani cah 2 seng lagi
omong-omongan.
Gema :
“ La awakmu yo ojo ngono, awakmu iki kudune sadar lek
pendidikan ki uduk mek golek nilai tapi ilmune
seng penteng”
Ratih karo Siska nguyu langsung ninggalne Gema sing
omong mau.
Gema mek iso nyawang cah loro ke mau. Ndak suwi bel
mlebu muni, kabeh murid bodo mlebu kelase dewe-dewe.
Bu Siswanti : “
Sugeng siang cah .. .”
Murid :
“ Sugeng siang bu .. . “
Bu Siswanti : “
Dina iki sampeyan mulih luweh esuk amerga guru bodo rapat ”
Murid-murid bodo seneng langsung ringkes-ringkes
persiapan muleh.
Bu Siswanti : “
Ojo lali ngerjakkne tugas mergo arep ujian, matursuwun sugeng
siang ”
Murid :
“Sugeng siang bu .. . “
Sesuke Ratih mangkat sekolah mlaku amarga jarak
sekolahane karo omahe ora adoh. Neng kelas Ratih eroh Siska.
Siska :
“ Tih .. . telung minggu engkas awakke UN .Awakmu wes siap ye? ”
Ratyh :
“ Halah Sis.. awakke lo wes sekolah sui, ya wes mesti siap lah ”
Siska :
“ Iyo tih.. . tak pikir-pikir ya ngono “
Gema :
“ Luwih apik sinau eneh cah. Ben Ujian Nasionale penak lek mu
nggarapi ”
Ratih :
“ Hallah kok ngurusi urusane wong liyo, yo kui ki urusan mu maa
mbalikko neng asalmu kono gek sinau seng
sregep ” (nguyu kekel)
Siska : “ Iyo jal ngalih o, awakmu wis ndak
podo koyok Gema sing ndisek“
Gema meneng gek mbalek lingguh neng bangkune karo
sabar ngadepi cah loro kae mau. Ra sui Guru kelas teko.
Bu Lina :
“ Sugeng enjing .. . ”
Murid :
“ Enjing bu.. . “
Bu Lina :
“ Ibu arep macakne jeneng sing tugase urung lengkap, neng kelas
kene enek loro sing blas
urung nglumpukne tugas yaiku Ratih lan Siska ”
Ratih karo Siska kaget tapi panggah ngetokne wajah
santai kanggo nutupi kagete.
Bu Lina :
“Ratih Siska tugas e ndang di kumpulne lo ya “
Siska :
“ Enggeh bu.. . “
Bu Lina teros metu saka kelas.
Ratih :
“ Sis awakmu ngrejakne tugas ra? ” (rodok bisik bisik)
Siska :
“ Kui engko maleh malesi o tih.. . pye pomo awakke neng alun-alun
kanggo refressing arep ujian ”
Ratih :
“ Hooh yo.., pener-pener ndang yo ! ”
Gema : “ Hei ape nang ndi wei cah..,? koe
ki kanca ku mangkane tak elingne ojo mbuaki wektumu ”
Siska :
“ Hallah.., ndang njo ngaleh ”
Sikape Siska lan Ratih panggah ngono ae sampek ujian lan
siki wayahe pengumuman kelulusan.
Ratih :
“ Yeess yess .. aku lulus ”
Siska :
“ Lulus tih aku .. . awakmu lulus ra maa? “
Gema :
“ Aku ra lulus ”
Ratih :
“ Apa iki hasilmu sinau sak mono suine sampek nyeramahi aku
karo Siska? Ha? Kok gak isin ”
Gema
: “ Ndak po po aku melu ujian hasil
ku dewe nyapo aku isin, awakmu sing wayahe isin karo hasilmu nurun kui! aku
sinau uduk ngge oleh nilai tok tapi tak gawe golek ilmu !!” (nesu)
Ratih :
“ Hallah maa maa .. .iyo karepmu! jan koyok cah cilik kelangan
permen ”
(ngguyu kekel)
Sakwise di wisuda Ratih karo Siska golek penggaean
neng akeh perusahaan neng kuthane.
Direktur Ika :
“ Ratih Siska ijasah mu apik sesok reneo eneh ngge ngetes
Kemampuanmu ”
Ratih karo Siska kaget
Ratih :
“ enggeh bu.. “
Sesuke Ratih lan Siska moro neng perusahaan deingi sakwise
hasile tes metu.
Direktur Ika : “Siska Ratih nilai mu ijasah sing apik kui
ndak sebanding karo
kemampuamu. Ratih Siska sampeyan ora di terima
Siska :
“ enggeh bu .. . matursuwun”
Kabeh perusahaan wes di jajal karo cah loro lan ora
ana sing gelem nompo sampek setaun punjul Siska lan lan Ratih golek penggaean.
Siska karo Ratih teko neng salah siji perusahaan seng awale tau ditekani
Direktur Ika :
“ ijasahe apik iki saiki langsung tes”
Ratih :
“ enggeh bu “
Sakwise tes Siska lan Ratih takok maneh neng direktur
Siska :
“ pripun bu ketampi nopo mboten “
Direktur Ika : “
Sampeyan takok manager kepegawaian neng ruang manager”
(repot karo urusane)
Siska lan Ratih moro neng ruang manager lan kaget
amarga manager kepegawaian neng perusahaan kui Gema, kanca SMK ne ndisik.
Ratih :
“ loh Gema ? “
Gema :
“ iki hasile cah “ (karo ngewehne hasil tes mau seng ora lulus)
“ kapan-kapan rene eneh yo, mesti sok iso
berhasil”
Siska :
“ iyo ma saiki aku ngerti opo sing kok omongne ndisek”
Sakwise 3 wulan Ratih lan Siska njajal nglamar kerjo
neng perusahaan kui eneh. Amerga atine Gema sing apik, Ratih lan Siska iso di
terima amerga bantuane Gema .Akhire Ratih lan Siska ngerti lek sekolah iku ora
mong golek nilai tapi golek pengetahuan sing iso di gawe nerusne urip sing
apik.
Tugas
Kelompok Bahasa Daerah
“Gawe Drama”
judul
“DUDUK SEKEDAR NILAI”
Anggota :
Erlina Alfu Maryam (Bu
Lina) (13)
Gema Aulia (Gema) (16)
Ika Dewi Siswanti (Bu
Siswanti dan Direkrur Ika) (18)
Listiana (Bu Lis) (20)
Ratih Rachma Kurnia
(Ratih) (25)
Siska Ayuningtiyas (Siska) (31)
SMK Negeri 1 Pogalan
Tahun Ajaran 2014/2015