Minggu, 23 Juli 2017

NASKAH DRAMA BAHASA JAWA SINGKAT DAN MENARIK



DUDUK SEKEDAR NILAI
Dino iki dino pertama mlebu sekolah sakwise libur semester. Ratih karo Siska mlebu kelas XII APK  2 karo masang wajah seng cemberut.
Siska            : “ Rasane aku ogah sekolah eneh ” (langsung lingguh neng
 bangkune)
Ratih            ; ” Podo Sis.. . rasane ndak puas karo liburan tahun iki ” (nguncalne
                    tas neng meja)
Koncone Siska lan Ratih jenenge Gema teko nyedeki wong loro kui mau.
Gema          : ” Hei.. Libur tahun iki rasane sui. Cukup banget gawe aku. Sampek
 kangen aku karo kelas iki pengen ndang sinau eneh ” (langsung
 ngaleh karo mesem)
Ratih            : “ Bocah ke kok sok sregep saiki ” (lingguh neng bangkune)
Siska            : “ Iyo ket kapan cah kae maleh ngono yo? ” (mesem)
Ratih            : “ Ndak ngerti, kelebon demet ke ” (nguyu kekel)
Siska            : “ Hahaha.. . iyo paling ”
Bel tandane mlebu kelas wis muni, murid-murid mlebu kelase dewe dewe.
Bu Lis           :” Sugeng enjing.. . ”
Murid           : “ Enjing bu.. .”
Bu Lis           : “ Mergo iki dino pertama mlebu sekolah dadi Bu Lis mek pengen
 kabeh nyeritakne apa sing kok alami sak dawane liburan ”
Sakwise  kabeh bocah nyritakne penglamane dewe dewe. Ratih karo Siska ora nyeritakne pengalamane.
Bu Lis           : “ Siska,Ratih nyapo ndak nyeritakake pengalaman liburanmu? ”
 (nesu)
Ratih            : “ Males bu.. . pripon niki bu? ” (nggawe nada males)
Siska           : “ Enggeh bu kulo sanes bocah SD bu” (ngguyu)
Bu Lis           : “ Bocah loro iki bocah seng nakal lek awakmu ndak ngrubah sikap
 ojo salahne guru-guru lek nilai mu kabeh kurang saka KKM ”
Kabeh bocah meneng sediluk terus bel istirahat muni.
Bu Lis           : “ Cukup semene ae pelajaran dino iki. Sugeng enjing ”
Murid           : “ Enjing bu.. .”
Guru metu saka kelas lan murid murid uga metu kelas gawe golek sarapan, kejaba Ratih karo Siska sing panggah lingguh neng njero kelas.
Ratih            : “ Hahaha... Bu Lis ke maeng ngancem awakke  Sis, awakmu
 krungu ta apa sing di omongne mau? “ ( ngomong karo sombong)
Siska           : “ Iyo padahal kui yo ra pener, rumangsane awakke sek anyar ye
 neng kene ” (mesem sinis)
Gema moro moro teko lan marani cah 2 seng lagi omong-omongan.
Gema           : “ La awakmu yo ojo ngono, awakmu iki kudune sadar lek
  pendidikan ki uduk mek golek nilai tapi ilmune seng penteng”
Ratih karo Siska nguyu langsung ninggalne Gema sing omong mau.
Gema mek iso nyawang cah loro ke mau. Ndak suwi bel mlebu muni, kabeh murid bodo mlebu kelase dewe-dewe.
Bu Siswanti  : “ Sugeng siang cah .. .”
Murid           : “ Sugeng siang bu .. . “
Bu Siswanti  : “ Dina iki sampeyan mulih luweh esuk amerga guru bodo rapat ”
Murid-murid bodo seneng langsung ringkes-ringkes persiapan muleh.
Bu Siswanti  : “ Ojo lali ngerjakkne tugas mergo arep ujian, matursuwun sugeng
 siang ”
Murid           : “Sugeng siang bu .. . “
Sesuke Ratih mangkat sekolah mlaku amarga jarak sekolahane karo omahe ora adoh. Neng kelas Ratih eroh Siska.
Siska           : “ Tih .. . telung minggu engkas awakke UN .Awakmu wes siap ye? ”
Ratyh           : “ Halah Sis.. awakke lo wes sekolah sui, ya wes mesti siap lah ”
Siska           : “ Iyo tih.. . tak pikir-pikir ya ngono “
Gema           : “ Luwih apik sinau eneh cah. Ben Ujian Nasionale penak lek mu
 nggarapi ”
Ratih            : “ Hallah kok ngurusi urusane wong liyo, yo kui ki urusan mu maa
 mbalikko neng asalmu kono gek sinau seng sregep ” (nguyu kekel)
Siska           : “ Iyo jal ngalih o, awakmu wis ndak podo koyok Gema sing ndisek“
Gema meneng gek mbalek lingguh neng bangkune karo sabar ngadepi cah loro kae mau. Ra sui Guru kelas teko.
Bu Lina        : “ Sugeng enjing .. . ”
Murid           : “ Enjing bu.. . “
Bu Lina        : “ Ibu arep macakne jeneng sing tugase urung lengkap, neng kelas
kene enek loro sing blas urung nglumpukne tugas yaiku Ratih lan    Siska ”
Ratih karo Siska kaget tapi panggah ngetokne wajah santai  kanggo nutupi kagete.
Bu Lina        : “Ratih Siska tugas e ndang di kumpulne lo ya “
Siska           : “ Enggeh bu.. . “
Bu Lina teros metu saka kelas.
Ratih            : “ Sis awakmu ngrejakne tugas ra? ” (rodok bisik bisik)
Siska           : “ Kui engko maleh malesi o tih.. . pye pomo awakke neng alun-alun
 kanggo refressing arep ujian ”
Ratih            : “ Hooh yo.., pener-pener ndang yo ! ”
Gema           : “ Hei ape nang ndi wei cah..,? koe ki kanca ku mangkane tak elingne ojo mbuaki wektumu ”
Siska           : “ Hallah.., ndang njo ngaleh ”
Sikape Siska lan Ratih panggah ngono ae sampek ujian lan siki wayahe pengumuman kelulusan.
Ratih            : “ Yeess yess .. aku lulus ”
Siska           : “ Lulus tih aku .. . awakmu lulus ra maa? “
Gema           : “ Aku ra lulus ”
Ratih            : “ Apa iki hasilmu sinau sak mono suine sampek nyeramahi aku
 karo Siska? Ha? Kok gak isin ”
Gema           : “ Ndak po po aku melu ujian hasil ku dewe nyapo aku isin, awakmu sing wayahe isin karo hasilmu nurun kui! aku sinau uduk ngge oleh nilai tok tapi tak gawe golek ilmu !!” (nesu)
Ratih            : “ Hallah maa maa .. .iyo karepmu! jan koyok cah cilik kelangan
 permen ”  (ngguyu kekel)

Sakwise di wisuda Ratih karo Siska golek penggaean neng akeh perusahaan neng kuthane.
Direktur Ika : “ Ratih Siska ijasah mu apik sesok reneo eneh ngge ngetes
 Kemampuanmu ”
Ratih karo Siska kaget
Ratih            : “ enggeh bu..  
Sesuke Ratih lan Siska moro neng perusahaan deingi sakwise hasile tes metu.
Direktur Ika :  “Siska Ratih nilai mu ijasah sing apik kui ndak sebanding karo
                    kemampuamu. Ratih Siska sampeyan ora di terima
Siska           : “ enggeh bu .. . matursuwun”
Kabeh perusahaan wes di jajal karo cah loro lan ora ana sing gelem nompo sampek setaun punjul Siska lan lan Ratih golek penggaean.
Siska karo Ratih teko neng salah siji perusahaan  seng awale tau ditekani
Direktur Ika : “ ijasahe apik iki saiki langsung tes”
Ratih            : “ enggeh bu “
Sakwise tes Siska lan Ratih takok maneh neng direktur
Siska           : “ pripun bu ketampi nopo mboten “
Direktur Ika : “ Sampeyan takok manager kepegawaian neng ruang manager”
 (repot karo urusane)
Siska lan Ratih moro neng ruang manager lan kaget amarga manager kepegawaian neng perusahaan kui Gema, kanca SMK ne ndisik.
Ratih            : “ loh Gema ? “
Gema           : “ iki hasile cah “ (karo ngewehne hasil tes mau seng ora lulus)
                    “ kapan-kapan rene eneh yo, mesti sok iso berhasil”
Siska           : “ iyo ma saiki aku ngerti opo sing kok omongne ndisek”
Sakwise 3 wulan Ratih lan Siska njajal nglamar kerjo neng perusahaan kui eneh. Amerga atine Gema sing apik, Ratih lan Siska iso di terima amerga bantuane Gema .Akhire Ratih lan Siska ngerti lek sekolah iku ora mong golek nilai tapi golek pengetahuan sing iso di gawe nerusne urip sing apik.


Tugas Kelompok Bahasa Daerah
“Gawe Drama”
judul
DUDUK SEKEDAR NILAI



Anggota :
Erlina Alfu Maryam (Bu Lina)                                (13)
Gema Aulia (Gema)                                                        (16)
Ika Dewi Siswanti (Bu Siswanti dan Direkrur Ika)             (18)
Listiana (Bu Lis)                                                    (20)
Ratih Rachma Kurnia (Ratih)                                 (25)
Siska Ayuningtiyas (Siska)                                               (31)


SMK Negeri 1 Pogalan
Tahun Ajaran 2014/2015

Tidak ada komentar:

Posting Komentar